Sabtu, 12 Maret 2011

Pituture Simbah

duh cah bagus… rungokno pesene simbah iki..
bebojoan kui kudu soko ikhlasing ati, ojo mergo dipekso..
mbuh kui dipekso uwong, opo dipekso kahanan…
dadi.. cah loro kudu ono roso tresno sing tenanan..

tapi nek niat omah – omah kui ora mung tresno tok..
pancen kowe ora kudu sugih tapi kudu iso golek duit halal…
lha emange bojomu arep mbok pakani krikil?
timbang bojomu sengsoro mending kekno simbah wae…

milih bojo kui siji nggo sak lawase..ojo salah milih cah wadon…
saiki nek kowe wis milih cah wadon, atimu kudu teteg marang bocah kui
ojo terus malah nglirik ibu’e..
kui jenenge cluthak..

mulane yo, le.. simbah menehi pitutur..
sanajan simbah iki isih enom tapi ojo mbok sepeleke..
iki yo nggo urip bebrayanmu karo bojomu

siji…ojo dinggo dolanan…
bojomu dudu playstation sing iso mbok dudal dudul thok
bojomu dudu tamiya sing iso mbok bongkar pasang sak penakmu

loro.. tomponen kanthi ikhlas kabeh eleke bojomu..
sak elek2e bojo, kui tetep bojomu sing sah neng agama
bojo sing mbok karepke lan bojo sing niat mbok boyong

telu..  dadio imam sing apik nggo keluargamu
ora mung imam sholat thok.. nek kui cah kulon kali wae iso
tapi kudu iso mimpin anak bojomu dadi keluarga sing sakinah, mawadah, warohmah

papat.. jogo wibowone bojomu
nek bojomu jenenge dudu Wibowo yo rapopo rasah dijogo
tapi yen anakmu mbok jenengke Wibowo yo kudu dijogo

kui sik sing iso tak pituturke marang kowe yo, le..
mung papat.. liyane simbah lali tak eling-eling sik
sanajangan simbah ki gantheng tapi rodo lalen
ora koyo kowe, le….
wis bodho, tuwek, elek, mbuthul, kemproh…
urip sisan…

ojo dadi atimu yo, le... simbah mung gojegan lho…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar