Sabtu, 12 Maret 2011

Iki Tulisane Cah Edan

mbok kowe ki ngerti yen aku ki asline lagi gandrung
aku ngene iki mergo aku ki seneng karo kowe
atimu bukaken.. ojo mung mlengosmu thok sing njedul
yen carane ngene iki, aku suwe - suwe dadi edan dewe...

kowe ngerti po ra yen aku ki wis setengah edan?
yo goro - goro kowe kui, nduk..
mben aku dolan omahmu malah mrengut
yen tak ajak gojek malah mbeker

aku asline pengen ngomong yen aku ki seneng mbi kowe
tapi yen wajahmu njegadul terus yo aku malah bingung
nek aku nekat nembung iso - iso aku mbok sebul tekan monas
ngguyu sitik kek....

biasane wae kowe iso cengengesan karo kancamu
tapi kog bareng karo aku isine mung mrengut..
mbok sekali sekali mesem mbi aku ngono lho..
dadine aku rumongso mbok anggep..

yen kowe rumongso nek aku ki ramudeng karepmu.. ngomongo..
aku dikandhani opo karepmu.. dadine aku ki mudeng
aku nek mbok padake mentalis iso iso aku malah dadi temperamentalis
nek kowe mung meneng karo mrengut kapan mudhenge aku..

wis aku ki wonge ra iso romantis, kowe malah ngono
lha njur pie jal..? padahal aku pengen nembung kowe ik..
aku pengen dadian mbi kowe ik, nduk..
tapi yen kowe ngadoh pie le arep nembung

yo aku nyuwun ngapuro.. aku wis kebacut seneng karo kowe
aku ki nek wis seneng yo seneng, ra iso maleh perasaanku neng kowe
mbok wong liyo ngomong opo wae tentang elekmu.. aku tetep seneng karo kowe
kasarane aku ki wis kedanan kowe..

nek kowe ra seneng karo aku.. ojo langsung pasang ekspresi macan
aku tak nembung kowe sik.. bar kui lagi tolaken....
nek kowe asline yo seneng karo aku.. mesemo sedino wae neng aku
aku tak nembung kowe sik.. bar dadian, kui kowe arep njegadul neh yo karepmu

sing penting dewe wis dadian...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar